Notification

×

Iklan

Iklan

Tag Terpopuler

Guru Dadi Beban Negoro?

Selasa, 19 Agustus 2025 | 08.52 WIB Last Updated 2025-08-19T01:52:54Z



Khutbah Pertama

الحمد لله الذي أمر بالعدل والإحسان، ونهى عن الظلم والعدوان، أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن محمدا عبده ورسوله. اللهم صل وسلم على سيدنا محمد، وعلى آله وصحبه أجمعين.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Sedaya puji lan pangalembana naming kagunganipun Allah ﷻ. Shalawat sarta salam mugi tansah konjuk dumateng Baginda Nabi Muhammad, kulo ngajak panjenengan sedaya ningali bab kang wigati: pajak lan pangelolaan bandha alam miturut syari’at Islam.

Ing al-Qur’an, Allah paring dhawuh:

> وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى

“Tulung-tinulungono kowe kabeh ing kabecikan lan taqwa” (QS. al-Māidah: 2).

Artine, yen negara butuh dana kanggo pendidikan, kasehatan, pertahanan, lan kemaslahatan umat, rakyat kena diwajibaké nyumbang, nanging kudu adil lan ora nganti nganiaya wong cilik.

Rasulullah ﷺ ngendika:

> من جهز غازيا في سبيل الله فقد غزا

“Sapa sing nyukupi kebutuhan mujahid, iku kalebu oleh pahala kaya wong sing perang” (HR. Bukhari-Muslim).

Tegese, urunan kanggo kepentingan umum iku dianggep ibadah. Nanging kudu tansah ing koridor keadilan lan ora ana unsur kedzaliman.

Analisa Kahanan Bangsa Saiki

Sedulurku kabeh para jama’ah, dewe podo ngerti yen Menteri Keuangan biyèn tau ngendika yèn pajak dadi sumber utama keuangan negara. Nanging kadhang rakyat ngrasa abot, guru malah tau diarani “beban negara”. Iki nuduhaké cara mikir sing kurang adil lan ora ngugemi nilai Islam, amarga guru iku sejatiné pahlawan tanpa tanda jasa sing nggulawenthah generasi bangsa, biaya kanggo guru wis wakmestine kaanggep investasi masa depan bangsa, ora malah dadi beban negara.

Saliyane pajak, negara iki sugih bandha alam: minyak bumi, gas, tambang, alas, lan pariwisata. Yen kabeh mau dikelola kanthi bener lan adil, mesthi bisa nutupi kabutuhan negara tanpa kudu ngoyak pajak sing abot marang rakyat cilik.

Khutbah Kapindho

الحمد لله، نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب إليه، ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Ayo podo eling, menowo zakat, infak, shadaqah, lan wakaf iku sumber dana syar’i sing wis ditetepake Allah. Pajak bisa wae ana, nanging mung darurat lan kudu adil.

Solusi kang luwih adil yaiku ngoptimalaken pengelolaan bandha alam bangsa iki. Minyak lan gas, pariwisata, pertanian, lan alas kudu dadi sumber utama, ora mung ngandelke pajak. Yen bangsa iki iso ngelola kanthi amanah, insyaAllah rakyat makmur tanpa abot pajak sing ora adil.

Allah ﷻ ngendika:

> كُلُوا مِن رِّزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوا لَهُ

“Mangana rejeki saka Pangeranmu lan padha syukura marang Panjenengane” (QS. Saba’: 15).

Muga bangsa Indonesia tansah pinaringan pemimpin sing adil, amanah, lan bisa ngatur bandha alam kanggo kemakmuran rakyat.

اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات، والمسلمين والمسلمات، الأحياء منهم والأموات، برحمتك يا أرحم الراحمين

عباد الله، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ.

فاذكروا الله العظيم يذكركم، واشكروه على نعمه يزدكم، ولذكر الله أكبر، والله يعلم ما تصنعون.

(H. Alip Mulyono)